** Produksi Ekonomi Rakyat || Bukti Rakyat Bisa Berkarya **

Kidung Wahyu Kalaseba

Tembang syakral, penggugah jiwa yang gersang, pengobat rindu yang dalam.
Cinta-Mu adalah yang awal dan tiada akhir - Sri Narendra Kalaseba



Download Video | Download MP3

Lirik Kidung Wahyu Kalaseba


Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro
Kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro
Senajan syetan gentayangan, tansah gawe rubedo
Hinggo pupusing jaman

Hameteg ingsun, nyirep geni wiso murko
Meper hardaning ponco, saben ulesing netro
Linambaran sih kawelasan, ingkang paring kamulyan
Sang Hyang Jati Pangeran

Jiwanggo kalbu samudro pepuntoning laku
Tumuju dhateng Gusti Dzat Kang Amurbo Dumadi
Manunggaling kawulo Gusti, krenteg ati bakal dumadi
Mukti ingsun tanpo piranti

Sumebyar ing sukmo, madu sarining perwito
Maneko warno prodo mbangun projo sampurno
Sengkolo tido mukso kolobendu nyoto sirno
Tyasing roso mardiko

Mugiyo den sedyo pusoko kalimosodo
Yekti dadi mustiko sak jroning jiwo rogo
Bejo mulyo waskito digdoyo bowo leksono
Byar manjing sigro - sigro

Ampu sepuh wutuh tan keno iso paneluh
Gagah bungah sumringah ndadar ing wayah - wayah
Satrio toto sembodo wirotomo katon sewu kartiko
Ketaman wahyu kolosebo

Memuji ingsun kanthi suwito linuhung
Segoro gondo arum swuh rep dupo kumelun
Ginulah niat ingsun hangidung sabdo kang luhur
Titahing Sang Hyang Agung

Rembesing tresno tondo luhing netro roso
Roso rasaning ati kadyo tirto kang suci
Kawistoro jopo montro kondhang dadi pepadhang
Palilahing Sang Hyang Wenang

Nowo Dewo Jawoto tali santiko bawono
Prasido sidhikoro ing sasono asmoroloyo
Sri Narendro Kalaseba winisudo ing gegono
Datan gingsir sewu warso
Back To Top